DASANAMA ANTARANE TEMBUNG LAN TEMBUNG
PURWAKA
Dasanama iku akeh jinise, Miturut Gudai (1989:11),
kesinoniman (dasanama) kelakon kanggo kabeh tataran basa yaiku ukara, frase,
tembung, lan morfem, kayata:
Kesinoniman antarane ukara
Kesinoniman antarane frase
Kesinoniman antarane tembung
Kesinoniman antarane morfem
Panulis kurang sarujuk, amarga yen ditintingi
maneh, ing basa Jawa uga ana dasanama kang kadadeyan ing antarane tembung lan
frase uga antarane frase lan ukara.
Dasanama antarane tembung lan tembung kaperang
maneh dadi enem yaiku dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung kriya,
dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung kahanan, dasanama antarane
tembung lan tembung ing tembung aran, dasanama antarane tembung lan tembung ing
tembung panggandheng, dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung
panuduh, lan dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung katrangan.
Ananging ora saben buku semantik ngrembug kanthi
mligi babagan dasanama. Tuladhane ing bukune Chaer (1995) ngrembug babagan
dasanama ananging mung sathitik, amarga ing buku iku ngrembug babagan semantik
dene dasanama iku mung perangan ing semantik.
Pateda (1989) ing bukune mung sethithik ngrembug
babagan dasanama. Dene Djajasudarma uga mung ngandharake babagan dasanama
kanthi umum.
Kurange buku kang ngandharake dasanama kanthi
mligi nggaweni panulis rada angel ngrembug babagan dasanama iki.
Sejatine akeh banget tembung-tembung dasanama kang
nduweni jinis-jinis tartamtu mula alasan panulis milih judhul Dasanama antarane
Tembung lan Tembung yaiku amarga kepingin mangerteni apa wae jinising dasanama
antarane tembung lan tembung.
Makalah iki bakal ngrembug kajian semantik babagan
dasanama mligine dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung kriya,
dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung sipat lan dasanama antarane
tembung lan tembung ing tembung aran.
ANDHARAN
Dasanama antarane tembung lan tembung yaiku
dasanama kang kedadeyan ing tataran tembung. Miturut Kridalaksana (1984) dasanama yaiku wujud basa kang maknane mirip
utawa meh padha karo wujud liyane: padanan iku kanggo gawe tembung, kelompok
tembung, utawa ukara sanadyan umume sing dianggep sinonim mung tembung-tembung
wae.
Kanggo luwih mangerteni sejatine dasanama mligine
dasanama antarane tembung lan tembung ora bisa ninggalake jinis tembung.
Miturut Sasangka (2008:115-148) jinising tembung ing basa Jawa ana sepuluh
yaiku aran, kriya, kahanan, katrangan, sesulih, wilangan, panggandheng,
ancer-ancer, panyilah, panyeru.
Dasanama antarane frase kedadeyan ing tataran
frase utawa bisa kasebut ing dasanama antarane frase kang tegese meh padha
utawa padha yaiku frasene. Dasanama jinis iki luwih sethithik ketimbang
dasanama antarane tembung. Ora kabeh frase nduweni dasanama. Tuladhane yaiku
frase tape goreng kang tegese padha utawa meh padha karo randha royal, frase
wong tuwa lan frase ibu lan bapak. Dene tuladha frase kang ora nduweni dasanama
yaiku saputangan ora padha tegese karo sapu ing tangan.
Beda karo dasanama antarane frase utawa ukara,
dasanama antarane tembung luwih gampang anggone ngandharake. Dasanama antarane
tembung kang nduweni teges padha utawa meh padha yaiku tembunge. Dene tembung
cacahe luwih akeh tinimbang frase lan luwih gampang, mula dasanama antarane
tembung kang arep dirembug ing pniten iki rada longgar sipate.
Soedjito (1989: 5) ngandharake yen dasanama mesthi
kadedayan ing jinis tembung kang padha. Tembung aran karo tembung aran, tembung
sipat karo tembung sipat, uga tembung kriya karo tembung kriya.
Saka data kang ditemokake, dasanama antarane
tembung lan tembung ing basa Jawa diperang dadi enem yaiku :
dasanama antarane tembung aran.
dasanama antarane tembung kriya.
dasanama antarane tembung sipat.
dasanama antarane tembung panggandheng.
dasanama antarane tembung panuduh.
dasanama antarane tembung katrangan.
1. Dasanama Antarane
Tembung Aran
Dasanama antarane tembung aran yaiku dasanama kang kedadeyan
ing tembung aran. Kaperang maneh yaiku tembung aran sukma lan tansukma.
(a) Dasanama antarane
Tembung Aran Sukma
Tembung aran sukma yaiku tembung aran kang nduweni nyawa.
Tuladha dasanamane yaiku
Dhayoh – tamu
Badhut – pelawak
Yayah – bapak
Pandung – maling
Lsp.
Tuladha ing ukarane :
a. ing ketoprak
kuwi sing paling apik badhute.
b. ing ketoprak
kuwi sing paling apik pelawake.
Ing tuladha
(a) lan (b) tembung badhut padha tegese karo pelawak, mula yen tembung badhut
diganti pelawak ora ngowahi tegese ukara.
(b) Dasanama antarane Tembung Aran Tansukma
Tembung aran tansukma yaiku tembung aran kang ora nduweni
nyawa (sukma) utawa bisa kasebut samubarang. Tuladha dasanamane yaiku
Jeneng – aran Pariwara – iklan
Gendul – botol Layang – surat
Piranti – bekakas Pawarta – kabar
Ubarampe – piranti Praja – nagara
Lsp.
Tuladha ing ukarane :
a. masku sing nang
Jogja ngirimi aku layang.
b. masku sing nang
Jogja ngirimi aku surat.
c. Tehe tak
lebokne gendul ya?
d. Tehe tak
lebokne botol ya?
Katon cetha menawa
tuladha ing ndhuwur bisa digenti tanpa ngowahi surasaning tembung.
2. Dasanama Antarane
Tembung Kriya
Dasanama antarane tembung kriya yaiku dasanama kang kedadeyan
ing tembung kriya. Ing jinis dasanama iki, rada akeh tuladhane amarga tembung
kriya bisa didasanamakake kanthi jembar. Tembung kang nduweni dasanama
tuladhane :
Merdhayoh – mertamu Ngoyak – nguber
Dicancang – ditaleni Ngicipi – ngrasakake
Mbolos – mlincur Ngecakake –
nindakake
Dicekel – dicandhak Nuntun –
ngirit
Celathu – kandha Maido – nacad
Ndeleng – nonton Macak – dandan
Kaleksanan – kelakon nyawang – nglirik –
nginceng
lsp.
Luwih jelase bisa dijlentrehake ing ukara ngisor iki :
(a) Antok
merdhayoh ing omahe Pak Tarto.
(b) Antok mertamu ing omahe Pak Tarto.
Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen tembung merdhayoh minangka
dasanamane mertamu. Amarga tembung iki kalebu dasanama padha tegese, mula bisa
genti-genten tanpa ngowahi surasane tembung.
(c) Aku mau
nyawang layange Mas Antok.
(d) Aku mau
nglirik layange Mas Antok.
(e) Aku mau
nginceng layange Mas Antok.
Tuladha ing ndhuwur ora bisa dijlentrehake kanthi
gampang. Tembung nyawang – nglirik – nginceng tembung dasanama kang tegese meh
padha, mula ing ukara ndhuwur ora bisa genti-genten panganggone. Tembung
nyawang – nglirik – nginceng bisa kabedakake kanthi cara fiture distinctif.
Yaiku kanthi jarak utawa solah bawane. Nyawang ateges ndeleng kanthi biasa
utawa jarake cedhak, nglirik ateges ndeleng saka pojoke mripat, dene nginceng
ateges ndeleng saka bolongan utawa jarake cedhak tapi jarak pandange sethithik.
3. Dasanama Antarane
Tembung Sipat
Dasanama antarane tembung kriya yaiku dasanama
kang kedadeyan ing tembung sipat. Tembung sipat kabagi maneh dadi loro yaiku
tembung watak lan tembung kaanan (Sasangka. 2008: 122-123).
(a) Dasanama antarane
Tembung Watak
Tembung watak mujudake tembung aran, dene tembung
watak iki ora bisa owah (ora ngalami owah gingsire teges). Tembung-tembung kang
bisa kalebu ing jinis iki yaiku :
Pencilakan – bedhigasan Prigel – trampil
Becik – apik
Ngebreh – boros
Basuki – slamet Kendel –
wani
Cuwa – gela Giris – wedi
Lsp.
Kanggo luwih cethane, kajlentrehake kaya ing ukara ing ngisor
iki:
(a) Budi kuwi
pancene prigel bocahe.
(b) Budi kuwi
pancene trampil bocahe.
(c) Aja dadi bocah
bedhigasan, mundhak ora disenengi wong.
(d) Aja dadi bocah
pencilakan, mundhak ora disenengi wong.
Ukara – ukara ing ndhuwur, nerangake yen ta
tembung – tembung kang kalebu dasanama tembung sipat mligine watak iku akeh –
akehe tembung dasanama kang bisa genti-genten. Tanpa ngowahi surasane tembung
tembung trampil lan prigel bisa gegantiyan, semana uga tembung bedhigasan lan
pencilakan.
(b) Dasanama antarane
Tembung Kaanan
Tembung sipat awujud tembung kaanan iki
njlentrehake tembung – tembung dasanama tembung sipat kang bisa ngalami owah –
owahan. Tembung – tembung kang kalebu jinis iki antarane :
Reja – rame
Ijen – dhewe
Sugih – mulya
Loh – subur
Sengsara – susah
Cethane bisa diwaca ing tuladha ukara ing ngisor
iki :
(a) Jakarta, kutha
kang reja banget.
(b) Jakarta, kutha
kang rame banget.
Beda karo dasanama tembung sipat watak, dasanama
tembung sipat kaanan iki gampang anggene owah. Tuladhane ing ndhuwur Jakarta
kang reja banget iku gampang anggene sepi, nanging yen ngowahi keprigelan iku
susah.
Sairip karo tuladha ing ngisor iki :
(c) Mergawea kanthi
sregep supaya uripmu ora sengsara.
(d) Mergawea kanthi
sregep supaya uripmu ora susah.
Kahanan susah utawa sengsara ing ndhuwur iku
gampang anggene ngowahi tinimbang watak cuwa kaya ing tuladha tembung watak.
Saliyane iku, uwis dadi ciri lumrahe dasanama yen tembung siji padha tegese
karo tembung sijine mula ing tuladha (a), (b), (c), lan (d) tembung dasanamane
bisa genti-genten tanpa ngowahi surasane.
4. Dasanama Antarane
Tembung Panggandheng
Dasanama antarane tembung panggandheng yaiku
dasanama kang kedadeyan ing tembung panggandheng. Tembung – tembung kang kalebu
ing jinis dasanama iki sethithik banget, ing antarane kang bisa ditemokake
yaiku :
Rikala – nalika
Sabab – karana – jalaran
Tuladha kanggo jinis iki pancene sethithik,
nanging muga bisa nganti jelas jlentrehan ing ukara ngisor iki :
(a) Rikala udan awan
mau, aku isih nang dalan.
(b) Nalika udan awan
mau, aku isih nang dalan.
(c) Aku ora bisa
karo sliramu sabab tresnaku wus dakwenehake marang wong liya.
(d) Aku ora bisa
karo sliramu karana tresnaku wus dakwenehake marang wong liya.
(e) Aku ora bisa karo
sliramu jalaran tresnaku wus dakwenehake marang wong liya.
Ukara (a) lan (b) nuduhake tuladha kang rada
gampang anggone ngonceki, dene ukara (c), (d), lan (e) rada angel tinimbang
tuladha sadurunge. Ukara (a) lan (b) nuduhake tembung dasanama kang tegese
padha mula bisa genti-genten kanthi ora ngowahi surasane. Ananging ing ukara
(c), (d), lan (e) ngemu teges kang meh padha dadi ora mesthi bisa tepak anggone
genti-genten. Ing ukara (c), tembung sabab luwih ngandharake kaindahan
tinimbang karana, lan jalaran. Saliyane iku tembung karana luwih umum
digunakake tinimbang tembung sabab lan jalaran. Tembung jalaran panganggone
luwih kuna tinimbang tembung sabab lan karana.
5. Dasanama Antarane
Tembung Panuduh
Dasanama antarane tembung panuduh yaiku dasanama
kang kedadeyan ing tembung panuduh. Dasanama tembung kang nuduhake saperangan
tartamtu. Tuladhane ing antarane : iku – kuwi
Yen ditrapake ing ukara:
(a) buku iku
daksilih saka Perpus
(b) buku kuwi
daksilih saka Perpus
Tuladha tembung dasanama ing ndhuwur nuduhake yen
tembung kuwi luwih dipengaruhi dialek tinimbang tembung iku. Ananging rong
tembung iku nduweni teges kang padha mula bisa digenti-genten tanpa ngowahi
surasane.
6. Dasanama Antarane
Tembung Katrangan
Dasanama antarane tembung katrangan yaiku dasanama
kang kedadeyan ing tembung katrangan. Tembung katrangan kaperang maneh dadi
papat yaiku dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung aran, dasanama
tembung katrangan kang nerangake tembung sipat, dasanama tembung katrangan kang
nerangake tembung wilangan, lan dasanama tembung katrangan kang nerangake
tembung katrangan.
Perangan-perangan kasebut bakal dijlentrehake kanthi amba ing
ngisor iki.
a. Dasanama
Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Aran
Dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung aran
tuladhane mung sethithik kang bisa ditemokake.
Dudu – ora
Mung – nggur
Panetrapane ing ukara :
(a) Wong kuwi dudu
bulekku nanging ibuku
(b) Wong kuwi ora
bulekku nanging ibuku
(c) Bapakku biyen
mung guru sd
(d) Bapakku biyen
nggur guru sd
Ukara (a) lan (b) kalebu tuladha tembung dasanama
kang tegese meh padha, mula anggone geganti-genten kurang trep. Dene ing ukara
(c) lan (d) minangka tuladha tembung
dasanama kang kapengaruhi dialek, ananging ora ngowahi surasane yen
digenti-genten.
b. Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake
Tembung Sipat
Ing ngisor iki tuladha ngenani Dasanama tembung
katrangan kang nerangake tembung sipat.
Sarwa – tansah
Semu – rada
Panetrapane ing ukara :
(a) Wong kuwi uripe
sarwa kecukupan.
(b) Wong kuwi uripe
tansah kecukupan.
(c) Haryadi nganggo
klambi wernane semu abang.
(d) Haryadi nganggo
klambi wernane rada abang.
Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen ing tuladha ukara
(a), (b), (c), lan (d) tuladha tembung dasanama kang tegese padha mula bisa
genti-genten tanpa ngowahi surasane.
c. Dasanama
Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Wilangan
Ing ngisor iki tuladha ngenani Dasanama tembung
katrangan kang nerangake tembung wilangan.
Kari – isih
Mung – nggur
Panetrapane ing ukara :
(a) Dhuwitku kari
sepuluh ewu.
(b) Dhuwitku isih
sepuluh ewu.
(c) Endhoge mung
loro.
(d) Endhoge nggur
loro.
Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen ing tuladha ukara
(a), (b), (c), lan (d) minangka tuladha
tembung dasanama kang tegese padha mula bisa genti-genten tanpa ngowahi surasa
tembunge. Saliyane iku, tembung dasanama kari lan isih, Mung lan nggur uga dipengaruhi dialek ing penganggone.
d. Dasanama Tembung
Katrangan kang Nerangake Tembung Katrangan
Ing ngisor iki tuladha ngenani Dasanama tembung
katrangan kang nerangake tembung katrangan. Tuladhane yaiku:
Wae – bae
Panetrapane ing ukara yaiku:
(a) dhompete meh bae
ilang.
(b) dhompete meh wae
ilang.
Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen ing tuladha ukara
(a) lan (b) minangka tuladha tembung dasanama kang tegese padha mula bisa
genti-genten tanpa ngowahi surasa tembunge. Saliyane iku, tembung dasanama wae
– bae uga dipengaruhi dialek ing panganggone.
DUDUTAN
Saka andharan ing ndhuwur mau bisa didhapuk
dudutan yen cirine dasanama yaiku tembung siji nduweni teges padha utawa meh
padha karo tembung liyane. Dasanama antarane tembung lan tembung yaiku dasanama
kang kedadeyan ing tataran tembung.
Dene dasanama antarane tembung kaperang maneh yaiku:
Dasanama Antarane Tembung Aran
(a) Dasanama
antarane Tembung Aran Sukma
Tuladhane:
a. Ing ketoprak kuwi
sing paling apik badhute.
b. Ing ketoprak kuwi
sing paling apik pelawake.
(b) Dasanama
antarane Tembung Aran Tansukma
Tuladhane:
a. Masku sing nang Jogja ngirimi aku layang.
b. Masku sing nang
Jogja ngirimi aku surat.
Dasanama Antarane Tembung Kriya
Tuladhane:
a. Antok merdhayoh
ing omahe Pak Tarto.
b. Antok mertamu
ing omahe Pak Tarto.
Dasanama Antarane Tembung Sipat
(a) Dasanama
antarane Tembung Watak
Tuladhane:
(a) Budi kuwi
pancene prigel bocahe.
(b) Budi kuwi
pancene trampil bocahe.
(b) Dasanama
antarane Tembung Kaanan
Tuladhane:
(a) Jakarta, kutha
kang reja banget.
(b) Jakarta, kutha
kang rame banget.
Dasanama Antarane Tembung Panggandheng
Tuladhane:
(a) Rikala udan awan
mau, aku isih nang dalan.
(b) Nalika udan awan
mau, aku isih nang dalan.
Dasanama Antarane Tembung Panuduh
Tuladhane:
(a) Buku iku
daksilih saka Perpus
(b) Buku kuwi
daksilih saka Perpus
Dasanama Antarane Tembung Katrangan
Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Aran
Tuladhane:
(a) Wong kuwi dudu
bulekku nanging ibuku
(b) Wong kuwi ora
bulekku nanging ibuku
Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Sipat
Tuladhane:
(a) Haryadi nganggo
klambi wernane semu abang.
(b) Haryadi nganggo
klambi wernane rada abang.
Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Wilangan
Tuladhane:
(a) Endhoge mung
loro.
(b) Endhoge nggur
loro.
Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Katrangan
Tuladhane:
(a) dhompete meh bae
ilang.
(b) dhompete meh wae
ilang.
Dasanama ing jaman saiki wus rada diperhatekake,
menawa mbesuke bakalan ana kang kanthi mligi ngrembug babagan dasanama basa
Jawa. Amarga sejatine, wigati banget anane panliten ngenani babagan iku kanggo
nggampangake kajian semantis mligine sesambungane teges.
KAPUSTAKAN
Chaer, Abdul. 1990. Pengantar Semantik Sastra. Jakarta: Rineka
Cipta
Djajasudarma, T. Fatimah, 1999. Semantik 2. Bandung: PT Refika
Aditama
Gudai, Dr. Darmansyah. 1989. Semantik Beberapa Topik Utama.
Jakarta: Iptek Pengembangan Lembaga Pendidikan Tenaga Kependidikan
Kridalaksana, Harimurti. 1982. Fungsi Bahasa dan Sikap Bahasa.
Ende & Flores: Nusa Indah
Padmosoekotjo, S, 1955. Ngrengrengan Kasusastraan Djawa I.
Purworejo: Hien Hoo Sing
Padmosoekotjo, S, 1953. Ngrengrengan Kasusastraan Djawa.
Purworejo: Hien Hoo Sing
Pateda, Prof. DR. Mansoer. 2001. Semantik Leksikal. Jakarta:
Rineka Cipta
Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag
Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua
Soedjito, Drs. 1989. Sinonim. Bandung: Sinar BaruSuwandi, Dr.
Suwaji, M.pd. 2008. Semantik Pengantar Kajian Makna. Yogyakarta: Media Perkasa