Jumat, 10 Januari 2014

soal kelas VIII

Wangsulana kanthi milih jawaban kang wus cumawis!
SOAL
WANGSULAN
1.       ndhaut
2.       matun
3.       ngurit
4.       nyukoni
5.       dilawet
6.       leleran
7.       wulen
8.       galengan
9.       ndhayung
10.    blak
1.       wilah kang diwenehi tenger kang padha elete kanggo tandur
2.       ngleremake lemah sawise diluku
3.       maculi pojokaning sawah kang ora kambah luku
4.       mbedholi winih saka pawinihan
5.       lahan awujud lendhut
6.       diejur dadi lembut
7.       pari sagagang
8.       gawe winih pari wulen
9.       mbubuti suket ing sela-selaning tandur
10.    lemah kang diunthuk-unthu dawa kanggo mbatesi sawah


soal kelas VIII

NANDUR PARI

Beras dadi kabutuhane masyarakat, mula ya ora nggumunake manawa ora sethithik beras kang kudu dicawisake. Dene kang kajibah nyukupi beras ora liya para among tani, srana nggarap sawah nandur pari. Mungguh kaya ngapa lan kepriye carane nindakake nggarap sawah, mbok manawa ana becike yen diandharake sawatara, wiwit gawe winih tumekane panen.

Dhek jaman biyen, nalika irigasi durung tumata, sadurunge ngancik ngolah lemah padha nganggo petungan mangsa. Dene mangsa kang diugemi yaiku mangsa kanem lan uga ngungak lintang luku kang wis katon manjer ing sisih wetan. Lumrahe pangolahe lemah kawiwitan gawe pawinihan. Gawe winih mono ana kang nganggo ngurit/nyebar. Cara-cara iku kajumbuhake karo kahananing lahan. Yen ing sawah kono banyune angel, adate katindakake kanthi ngurit. Ngurit yaiku ndhedher wiji pari kang isih wulen, dene kretegan yaiku pari kang disebar garingan tanpa dilebi banyu. Kekarone wiji pari iku kadhedher ana ing lemah garing. Dene nyebar, wiji didhedher ing lemah teles, wujud gabah kang wis nokol/thokol.

Sinambi ngenteni gedhene winih, Pak Tani nuli nggarap sawah. Sawah dilebi nuli diluku, luwih dhisik sawah disukoni, yaiku maculi pojok-pojoking sawah kang ora bakal kaambah dening luku. Nyukoni iku bisa uga katindakake sawise diluku, Bakda iku, lemah dilebi lan dileremake sawatara dina supaya suket lan gegodhongan padha bosok dadi lemi. Tindak mangkono iku arane didhayungake. Sinambi ngenteni anggone ndhayungake, lumrahe pak tani nampingi utawa nembok galengan supaya ora padha bolong, bisa wutuh, rapi lan rata.

Sawise cukup anggone ndhayungake, lemah dilumahake, tegese digawe rata srana digaru. Kanthi mangkono brongkalan-brongkalan lemah padha ajur, satemah lemah dilawet dadi leleran. Yen wis mangkono lahan siap ditanduri. Supaya tandur bisa tumata larikane, katon runtut, luwih dhisik nancepake kepala, yaiku tancepan tandur kang bakal dadi panutan.

Kanggo rerangken tandur, ora lali dicawisake sesaji kanggo panuwun lan panyuwun marang Gusti. Sawise dipasrahake nganggo didupani, sajen banjur dikepung sing padha arep tandur, lumrahe para wanita. Piranti sing kanggo tandur yaiku wilah sing diwenehi tetenger kang padha elete. Piranti iki diarani klathakan utawa blak. Blak ditrapake manut kepala, nuli saben tetenger ditancepi winih. Mangkono sabanjure lumaku mundur.

Watara setengah sasi tandur wiwit ijo, mracihnani yen urip, diarani nglilir. Watara umur sesasi diwatun utawa digosrok. Kajaba kanggo ngilangi suket sing ngganggu, uga duwe tujuan nggemburake lemah. Bakda iku tandur dirabuk. Ora antara sasi tandur dadi ijo royo-royo, gumadhung. Tandur mekar, mundhak gedhe lan dhuwur. Ora suwe maneh mlecuti, siji loro katon wulene. Dene yen wulen pari wis jumedhul kabeh, arane mrekatak. Bakda iku wulen kang mentes padha tumungkul, dene sing gabug padha ndangak. Saya suwe pari saya kuning. Yen wis mangkono becike sawah disat supaya nyepetake pari padha tuwa. Sawise sesaji “wiwitan” dileksanani, pari banjur dipanen.

Supaya panenane apik, mesthine para among tani padha nindakake Panca Usaha Tani kang digiyarake dening Penyuluh Pertanian, yaiku:

1. pamilihing bibit unggul

2. pangolahing lemah

3. pangrabuking lemah

4. ngature ilining oncoran (irigasi)

5. mbrastha ama manawa perlu

Sabanjure Panca Usaha Tani dingrembakakake dadi Sapta Usaha Tani, katambah:

6. pangedoling kasil panenan (pemasaran)

7. Pasca panen (pangrumate kasil lan lemah sawise panen).

(Drs. Sofwan, dkk, 1996: 7 – 8)

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana!

Terangna bedane sega, beras lan pari!

Apa lelabuhane para among tani marang masyarakat?
Saiki para among tani apa isih padha ngugemi pranata mangsa lan dununging Lintang Luku?
Apa karepe dene lahan didhayungake sawise diluku?
Apa ta paedahe namping lan nembok galengan?
Kepriye yen lahan kang ditanduri pari iku lemahe ora rata temenan?
Bakda diwatun lan dirabuk, sawah ora dilebi sawetara dina. Apa tujuane?
Kanggo ngolah lemah, ngrontogake pari (ngiles) apadene nutu saiki wis diganti mesin. Kepriye panemumu?
Sawise pari mrekatak, pari kudu ditunggu saben dina. Apa karepe
Terangna tegese Panca Usaha Tani lan Sapta Usaha Tani !

peteng



Indra lagi asyik ngelapi sepedah montore. Kabeh diresiki ora ana kang kliwatan. Sela-selaning ruji uga ora keri. Tangan kiwane nyemproti nganggo cairan pengkilap logam. Tangan tengene banjur ibut nggosoki nganggo suwekan kaos tilas sragam bal-balane, bola-bali digosok. Indra mesam-mesem. Dheweke ngilo ing slebor montore kang kincling meling-meling. Wayangane pancen katon cetha nanging wujude ya pating plethot urut karo wujude slebor montor. Sirahe Indra dadi dawa. Lucu.

“Wis jam setengah pitu Ndra, ndang mangkat mengko telat!” Simboke Indra ngelingake karo madhahi tela pohung ana ing bagor. Sedyane arep digawa menyang pasar.

“Hemm… iki ya wis arep mangkat, njaluk sangune Mbok!” Indra wangsulan karo ngadeg nguncalake gombal suwekan ana pojokan.

“Kae anane mung limang ewu, aku lagi arep adol tela iki ana pasar, muga-muga wae wae mengko laangsung didhuwiti.” Wangsulane Mboke Indra karo ubat-ubet naleni bagor isi tela pohung.

“Ming mang ewu, entek nggo tuku bensin Mbok…..” Indra mecucu.

Ora let suwe Indra wis nyangklong tas ireng lecek. Ing pinggir ana gambar tengkorake. Motor banjur distater, ora suwe Indra banjur nggeblas. Ibune gedhek-gedhek karo unjal ambegan.

Thet…thet….thet …. Swara bel sekolah tandha mlebu wis muni. Swarane seru ngeget-ngegeti. Ngalahake swarane bocah kang padha pating brengok ing latar sekolah. Bareng krungu swara bel banjur pada baris urut ing ngarep kelase dhewe-dhewe. Jenenge bocah, wis baris ya isih kober gojegan, geret-geretan. Siswa lanang-lanang ana saperangan kang pancen rada nyebahi. Bocah-bocah mau lagi gelem anteng nalika weruh bapak ibu guru wis metu saka ruang guru tumuju ing kelas.

”Sugeng engjing para siswa” BuWeni guru telas telu paring salam.

Sugeng enjing Bu…! Para Siswa wangsulan.

”Sapa sing ora mlebu dina iki?” Bu Weni mbacutke pitakon.

”Indra …. Bu, pun gangsal dinten!” Jatmika ketua kelas atur wangsulan.

”Apa ana sing ngerti neng ngendi Indra kok wis limang dina ora mlebu.” Pitakone Bu Weni meneh.

”Esti niku sing ngertos Bu!” Bagiyo celathu.

”Boten ding Bu, kula boten ngertos.” Esti bocah wadon lemu ginuk-ginuk gage nrambul matur gurune. Kanca-kancane ger-geran.

”Wis-wis aja mbeda kanca ta ora becik. Ya wis mengko dak rembugan karo guru BP.” Bu Weni ngendika. Wulangan banjur diwiwiti. Bocah-bocah banjur padha meneng ngatekake piwulange Bu Weni, guru ayu tur pinter idholane bocah-bocah.

Dina candake, langit mendhung. Dalan dalan isih teles. Ing papan-papan legokan banyu katon isih ngembong. Udan bengi mau sajake rada deres. Banyu-banyu udan kang ana ing godhong isih padha netes. Kaya luh kang netes saka mripate mboke Indra kang bola-bali diusapi ngaggo kacu kumal.

”Estu Bu kula boten mangertos, menawi anak kula ngaten menika, lha wong menawi enjing nggih pamitipun nggih sekolah, nggih sragam Bu, malah inggih nyuwun sangu barang Bu.! Mbok Indra crita ndrindhil.

”Inggih Bu kula mangertos, nanging yektosipun makaten Indra sampun gangsal dinten boten mlebet tanpa katrangan. Kamangka, kalih minggu malih sampun UNAS, la miturut data Indra dereng nate lulus saben wonten latihan ujian. Menika rak mrihatosaken, mila Ibu kula aturi rawuh mriki supados mangertosi dhodhok selehipun kadadosan menika.” Bu weni njlentrehake kahanan. Swasana ing njaba saya peteng merga mendhunge saya kandel malah banjur grimis. Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya akeh kaya luhe Mboke Indra kang ora bisa kabendung mrebes mili dleweran neng pipine.

Wengi saya peteng. Kahanan sepi nyenyet. Walang-walang kang biasane muni pada meneng. Kaya –kaya melu rumangsa wegah arep pada gojegan. Wong ing Desa kemiri ya desane Indra padha milih kemul sarung sinambi nonton televise. Gardu sing biasane ger-geran uga sepi nyenyet, kaya kuburan.

Hawa adhem njekut. Nanging, ora mangkono swasana ing omahe Indra. Hawane krasa panas.

”Lha kowe ki kok ngapusi barang ta Ndra karepmu ki kepriye? Pamitmu jare sekolah ning nyatane kowe ora tekan sekolahan. Simbok isin to le dipanggil neng sekolahan. Simbok isin Hara saiki dak takon ora sekolah ki kowe lunga nyang ngendi?” Mbok Indra ngedrel takon.

”Dolan” Indra wangsulan cekak aos karo ethok-ethok bikut ndandani montore. Slebor ngarep benthet entuk pojokan gardu wingi awan.

”Dolan…dolan neng ngendi?” Mboke Indra takon maneh.

”Dolan ya dolan.” Indra wangsulan karo mecucu.

”Ndra ngendikane Bu Guru ujian kari rong minggu yen kowe nganti ora sinau tenanan ya ora bisa lulus.” Mboke Indra ngelingake

”Walah Mbok, sinau ya ra lulus,ora sinau ya ro lulus, padha wae. Aku metu wae Mbok saka sekolah!” Indra ngadeg ngukuti kunci-kunci. Kabeh diuncalake ing kotak. Swarane pating krompyang.

”Metu….metu piye ta Ndra mung kurang rong mingggu Ndra.” Mboke Indra nyuwara rada seru.

”Metu ya, metu mbok aku wegah sekolah meneh. Aku ora bisa lulus. Kanca-kanca wis kandha, Guru-guru ya ngono.” Indra wangsulan seru karo mlaku metu nlesep petenging wengi.

Mboke Indra njegreg. Napase ngangsur-angsur. Dumadakan panyawange kumepyur banjur pet. Kabeh peteng.

Dening S. Yadi.

Tembang Dolanan



Dening Parjoyo, S.Sn.



Irung dawa seneng ura-ura .

dedeg dhuwur watake jujur … tur

nora sombong ra seneng omong kosong …..song

iku petruk ya kanthong bolong



Sugih reka guyon maton parikena

jejogedan tetembangan suka-suka

ora nate ninggal tata krama

setya tuhu marang bendara

Kamis, 12 Desember 2013

tembang macapat

SINOM
Pangйran kang sipat murah (8/a)
Njurungi kajating dasih (8/i)
Ingkang temen tinemenan (8/a)
Pan iku ujaring dalil (8/i)
Nyatanй ana ugi (7/i)
Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
Wiwitanй nenedha (7/a)
Tan pedhot tumekиng siwi (8/i)
Wayah buyut canggah warиngй kang tampa (12/a)
DHANDHANGGULA
Eling-йling pra kadang dиn йling (10/i)
Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
Bebasan mung mampir ngombй (8/e)
Cinecep nulya wangsul (7/u)
Mring asalй sangkanй nguni (9/i)
Begja kang wus pana (7/a)
Sangkan paranipun (6/u)
Dedalan kang dиn ambah (8/a)
Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
Sejatining kasidan (7/a)
KINANTHI
Padha gulangen ing kalbu (8/u)
Ing samita amrih lantip (8/i)
Aja pijer mangan nйndra (8/a)
Kaprawiran dиn kaиsthi (8/i)
Pesunen sariranira (8/a)
Sudanen dhahar lan guling (8/i)

ASMARANDANA
Anjasmara ari mami (8/a)
Masmirah kulaka warta (8/a)
Anиng kuta Probolinggo (8/o)
Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
Kariya slamet wong ayu (8/u)
Pun kakang pamit palastra (8/a)

MEGATRUH
Sigra milir sang gиthиk sinanggga bajul (12/u)
Kawan dasa kang njagani (8/i)
Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
Sinangga ing kanan kиring (8/i)

Sang gиthиk lampahnya alon (8/o)

Budi Pekerti, Pengangen-angen lan kasunyatan

BUDI pekerti saiki mulai dadi wacana ing masyarakat, akeh kang padha beda pangerten anggone nanggepi masalah budi pekerti, tapi iku mau dadi becike amarga saiki perkara budi pekerti wis mulai dadi kebutuhan urip masyarakat kudu diajarake marang putra-putrane supaya besuke gedhene dadi uwong kang bisa ngajeni marang wong tuwane lan masyarakat sekitare.
Saiki angger ana bocah nakal, bocah sekolah padha gelut, tumindak kriminal, lan sapanunggalane, menawa ana kedadeyan sing kaya iki trus sing dituding jare sekolah sing anggone nggulawenthah ora becus dadine bocah iku padha nakal, padahal tanggung jawab babagan pendidikan iku tanggung jawabe wong tuwa, sekolah, lan masyarakat.
Budi pekerti iki babagan kang kudu dicerna nganti permati amarga kapan maneh, menawa ora saiki mulai dipikirake babagan kasebut, budi pekerti iku hubungan langsung karo babagan tumindak, solah bawa, pangucapan. Pendidikan budi pekerti mbutuhake keteladanan kanthi tumindak kang becik, tumprap sapa bae kang arep menehi pendidikan budi pekerti. Budi pekerti seliyane kanthi cara menehi keteladanan uga kebiasaane urip sedina-dinane kanthi urip nganggo perilaku sing apik kanthi cara latihan sing makaping-kaping.
Miturut buku Pedoman Penanaman Budi Pekerti Luhur (Balai Pustaka, 1997), ana 56 sikap budi pekerti luhur, yaiku antarane kerja keras, wani mikul resiko, disiplin, keimanan, atine lembut, akeh inisiatif, pikirane jembar lan maju, sederhana, semangat, duweni sikap konstruktif, duweni rasa syukur, tanggung jawab, tenggang rasa, bijaksana, cerdik, cermat, dinamis, efisien, gigih, hemat, jujur, duweni kemauan keras, kreatif, kukuh hati, lan sapanunggalane, iki kabeh sing dadi intine pendidikan budi pekerti. Budi pekerti ora bisa langsung tertanam ana ati trus dileksanakake tumprap panguripan sedina-sedinane, tapi bertahap dilakoni kanthi latihan, dibiasakake kanthi solah bawa, tutur pangucapan, lan polatan kang ngandhung nilai-nilai budi pekerti.
Pendidikan
Salah sijine cara kanggo nanam budi pekerti yaiku melalui pendidikan neng sekolah, pendidikan budi pekerti iki bisa didadekake mata pelajaran dhewe utawa diintegrasikan mlebu menyang materi pelajaran, kari kepiye pelaksanaane, yen diintegrasikan gurune bisa gabungake nilai-nilai budi pekerti disisipake ana materi pelajaran, yen dadi pelajaran dhewe kudu ana gurune dhewe sing mulang masalah budi pekerti, loro-lorone padha apike. Sing penting, kanthi niyat sing becik kanggo nyiapake generasi sing arep teka sing meliki budi pekerti kang luhur.
Saiki penanaman budi pekerti ing sekolah bisa nganthi cara kegiatan permainan/dolanan, tembang, tari, diskusi sing isine penjabarane babagan budi pekerti trus saben dinane sekolah kudu gatekake marang perkembangan pelaksanaan pendidikan iku marang siswa-siswine dadine saben perubahan tingkah polahe bisa ditlusur nganti premati supayane kasil, perubahan iki ora bisa diukur nganti nilai sing awujud angka-angka, tapi nitikberatake marang conto-conto jelas lan becik. Guru sing dadi sentral kudu bisa dadi tauladhan kanggo siswa-siswine, pancen ya bisa digalih yen guru iku sosok sing kudu digugu lan ditiru, nganti paribasan iku sakjane berat banget bebane guru. Sentral guru kudu bisa digugu lan ditiru, awit aneng sekolah lan luar sekolah supayane bisa dadi conto, kanthi adhedhasar keyakinan, tumindak sing bener lan pener anggone mbimbing siswane, sebagai pendidik sing dadi personifikasi nilai-nilai kabecikan sing arep ditanemake, kanthi nyuplik ajarane Ki Hajar Dewantara yaiku ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, sing didadekake dasar anggone menanamkan budi pekerti marang siswa-siswinye. Yaiku yen ning ngarep kudu dadi tuladha kanthi tindak-tanduk kang luhur, sopan santun tepa selira, lan menghargai wong liyan, tumindak iku sing didadekake conto, yen ing tengah kudu maringi pitutur atau petunjuk, supayane siswa-siswine bisa nindakake apa kang dadi piwulang babagan budi pekerti luhur iku, yen ing buri kudu dorong atau motivasi supayane pada gumregah anindakake tindak-tanduk berbudi luhur sesuai karo ajarane piwulang babagan budi pekerti mau. Ananging saja disalahaken angger nganti ana bocah/siswa/siswi sing jur nakal, sebab kenakalan utawa sethithike budi pekerti sing tertanam iku disebabake maring perkara sing werna-werna. Kadhang akeh kekeliruan sing muncul ing masyarakat yaiku kelemahan sing saklawase iki dirasakake akeh wong sing mung ngandhalake informasi/penjelasan thok babagan budi pekerti dadi sifate mung verbalisme tanpa diikuti karo tindakan sing nyata apa sing diinformasiaken iku, dadi angger wong Jawa jare “bisane mung jarkoni” artine bisa ngajar ora bisa nglakoni.
Kabecikan
Nang babagan pendidikan budi pekerti perlu diterangake apa sing kudu dilakoni/ditindakake babagan kabecikan, kedisiplinan, kemasyarakatan, lan panunggalane trus apa manfaate kanggo awake dhewe lan masyarakat. Kabeh iki ora bisa langsung bisa dideleng asile tapi kudu dilatih/leksanakake secara bertahap, terus-menerus, kanthi adi kebiasaan sedina-dinane sing bisa dirasakake manfaate.
Sing lewih penting siswa/siswi wektune aben dinane sing akeh dientekake eneng ngomah, mula penanaman budi pekerti aja mung ditumplek blek dadi tanggung jawabe sekolah thok tapi keluarga kudu melu, justru neng omah iki bocah awale mengenal pendidikan saka wong tuwane, awit cilik bocah kudu mulai diajari/ditanamke nilai-nilai budi pekerti sing apik, trus wong tuwane kudu dadi tuladhane tumprap putra-putrine neng omah kanthi diajari unggah-ungguh, sopan santun, tepa selira, lan ngormati liyan kanthi cara sing sabar lan premati banget marang aben ana perubahan tingkah polah, tindak tanduk putra-putrine supayane dadi wong sing pinunjul sarta berbudi pekerti luhur.
Ing lingkungan masyarakat iki uga bisa bentuk pribadine bocah, mula masyarakat uga duweni kewajiban melu nanamke nilai budi pekerti tumprap pergaulan ing masyarakat kanthi conto-conto tumindake kang becik para tokoh masyarakat sing padha dadi paugeran masyarakat.
Kanyatane pendidikan budi pekerti supaya bisa tertanam neng anak didik kita, iku dudu barang sing gampang tapi perlu disikapi lan perlu dipremati kanthi serius, mulai saka ngomah yaiku pendidikan saka wong tuwane, ning sekolah saka guru-gurune, lan ing masyarakat yaiku para tokoh masyarakat, saengga sing dadi pengangen-angen yaiku masyarakat kang berbudi luhur bisa dadi kasunyatan ing masyarakat.
(Aziz Purwanto/35)



Dosa Lan Pangapurane

Dosa Lan Pangapura
DOSA iku sakabehing tumindak lan pamikir kang cengkah karo angger-angger, utamane angger-anggering agama. Tindak kriminal kayadene nyolong, korupsi, milara wong liya, iku uga kalebu dosa. Sakabehing tindak kang ora becik: gawe sengsarane wong liya, ngrekasakake wong liya, gawe susah lan nglarakake atine wong liya, iku klebu dosa.
Keh-kehane dosa sing ora arupa pelanggaran hukum, ora dadi urusane hukum. Selingkuh, ngenyek utawa nyepelekake wong liya, ngrasani alane wong liya, kawi asring ora dadi urusane hukum. Dosa kang arupa tindak kriminal iku klebu dosa kang gedhe sing satemene sanksine ora mung awujud sanksi hukum,ananging uga sanksi karohanen.
Narapidana wis nindakake paukumane lan wis metu saka pakunjaran, durung mesthi sing resik utawa kalis saka dosa-dosane. Sanksi agama iku ora mung ditampa ana donya, nanging uga ana akhirat, manungsa percaya menawa sakabehing tidak ala iku senajan ora konangan utawa kasumurupan wong liya, mesthi ana undhuh-undhuhane. Sapa sing nandur bakal ngunduh.
Ana tetembungan: Gusti Allah iku ora sare, dadi tumindak lan osiking pikire manungsa iku tansah kapirsan. Dadi sanajan ora kena sanksi hukum, sakabehing tumindak iku ana akibate. Mula ana unen-unen: ngunduh wohing pakarti. Sakabehing pakarti ala lan becik iku ana undhuh-unduhane, bisa ana donya, bisa ana akhirat, bisa uga ditamapa atawa disandang dening anak putune.
Nanging kapercayan ngano mau ana sing nganggep mung kayadene mitos, mula ya akeh sing padha ara percaya. Tindak culika ya banjur ngambra-ambra, perkara, ukuman ana ndonya lan ana akhirat wis ora digubris.
Gusti Allah iku Maha Pengampun, mulane yen manungsa wis ngakoni sakabehing dosa lan kaluputane sarta wis mertobat ora bakal gawe dosa maneh, mesthine ya pinaringan pangapura. Pangapura saka lembaga yudikatif awujud pembebasan saka lapas, sawise nglakoni paukuaman lan mbayar dendha kaya kang kasebutake ing vonise hakim.
Yen dosa mau magepokan karo sesambungan ing antarane wong siji lan sijine, pangapura iku kudu kawenehake kanthi eklas de¨ning wong sing ketaman tindak kang era becik mau. Gusti Allah ora kersa paring pangapura menawa wong sing ketaman mau durung aweh pangapura. Mula wong sing rumangsa wis tumindak era becik kudu ngakoni kaluputane lan wani njaluk pangapura. Yen wis oleh pangapura, sesambungan ing antarane sing tumindak luput lan sing ketaman wis bali resik maneh.
Apura-ingapura iku perlu murih hubungan silaturahmi ing antaraning warga masyarakat tansah becik. Njaluk pangapura lan aweh pangapura iku perlu dikantheni kesadharan lan ketulusan. Kanthi mangkono, apura-ingapura iku ora mung dhapur “upacara”, nanging uga bisa kanggo nglatih kadiwasaning batin lan gawe salaras utawa harmonising masyarakat, satemah bisa nyambut gawe bebarengan kanthi becik.

(Dening Soedjarwo/CN27)