Dosa Lan Pangapura
DOSA iku sakabehing tumindak lan pamikir kang cengkah karo
angger-angger, utamane angger-anggering agama. Tindak kriminal kayadene
nyolong, korupsi, milara wong liya, iku uga kalebu dosa. Sakabehing tindak kang
ora becik: gawe sengsarane wong liya, ngrekasakake wong liya, gawe susah lan
nglarakake atine wong liya, iku klebu dosa.
Keh-kehane dosa sing ora arupa pelanggaran hukum, ora dadi urusane
hukum. Selingkuh, ngenyek utawa nyepelekake wong liya, ngrasani alane wong
liya, kawi asring ora dadi urusane hukum. Dosa kang arupa tindak kriminal iku klebu
dosa kang gedhe sing satemene sanksine ora mung awujud sanksi hukum,ananging
uga sanksi karohanen.
Narapidana wis nindakake paukumane lan wis metu saka pakunjaran,
durung mesthi sing resik utawa kalis saka dosa-dosane. Sanksi agama iku ora
mung ditampa ana donya, nanging uga ana akhirat, manungsa percaya menawa
sakabehing tidak ala iku senajan ora konangan utawa kasumurupan wong liya,
mesthi ana undhuh-undhuhane. Sapa sing nandur bakal ngunduh.
Ana tetembungan: Gusti Allah iku ora sare, dadi tumindak lan
osiking pikire manungsa iku tansah kapirsan. Dadi sanajan ora kena sanksi
hukum, sakabehing tumindak iku ana akibate. Mula ana unen-unen: ngunduh wohing
pakarti. Sakabehing pakarti ala lan becik iku ana undhuh-unduhane, bisa ana
donya, bisa ana akhirat, bisa uga ditamapa atawa disandang dening anak putune.
Nanging kapercayan ngano mau ana sing nganggep mung kayadene mitos,
mula ya akeh sing padha ara percaya. Tindak culika ya banjur ngambra-ambra,
perkara, ukuman ana ndonya lan ana akhirat wis ora digubris.
Gusti Allah iku Maha Pengampun, mulane yen manungsa wis ngakoni
sakabehing dosa lan kaluputane sarta wis mertobat ora bakal gawe dosa maneh,
mesthine ya pinaringan pangapura. Pangapura saka lembaga yudikatif awujud
pembebasan saka lapas, sawise nglakoni paukuaman lan mbayar dendha kaya kang
kasebutake ing vonise hakim.
Yen dosa mau magepokan karo sesambungan ing antarane wong siji lan
sijine, pangapura iku kudu kawenehake kanthi eklas de¨ning wong sing ketaman
tindak kang era becik mau. Gusti Allah ora kersa paring pangapura menawa wong
sing ketaman mau durung aweh pangapura. Mula wong sing rumangsa wis tumindak
era becik kudu ngakoni kaluputane lan wani njaluk pangapura. Yen wis oleh
pangapura, sesambungan ing antarane sing tumindak luput lan sing ketaman wis
bali resik maneh.
Apura-ingapura iku perlu murih hubungan silaturahmi ing antaraning
warga masyarakat tansah becik. Njaluk pangapura lan aweh pangapura iku perlu
dikantheni kesadharan lan ketulusan. Kanthi mangkono, apura-ingapura iku ora
mung dhapur “upacara”, nanging uga bisa kanggo nglatih kadiwasaning batin lan
gawe salaras utawa harmonising masyarakat, satemah bisa nyambut gawe bebarengan
kanthi becik.
(Dening
Soedjarwo/CN27)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar