Tembang Macapat
Salah sijine asil kabudayan jawa kang adi luhung yaiku tembang
macapat. Macapat wis wiwit ana ing jaman
kuna makuna. Bibit kawite bisa dirunut saka anane kekawin (saka tembung kawi
=syair) lan kidung kang digunakake para pujangga kanggo nulis karya satra ing
jaman majapit (±tahun 1400M).
Sanadyan
macapat iku umure wis tuwa, ananging gandheng wis “mbalung-sungsum” ana ing
dhiri pribadine wong jawa, nganti seprene tembang macapat isih tetep lestari
ngrembaka. Sekar macapat asring digunakake kanggo ing pewayangan, sindhenan,
klenengan, campursari, kethoprak, lan sapanunggalane.
Macapat
iku diarani salah sawijining asil kabudayan kang adi luhung. Diarani mangkono
jalaran sakliyane duweni laras maneka warna kang kepenak dirungu, uga akeh banget
pitutur becik kang gedhe pigunane kanggo sangu urip bebrayan. Upamane pitutur
marang para putra, pitutur marang para wanita, ajaran moral, sopan santun,
unggah-ungguh, toleransi, dongeng, ajaran manembah Gusti Kang Maha Kuwasa, seni
budaya lan sapanunggalane. Kabeh mau anjoge nuntun manungsa marang urip
bebrayan kang sarwa tentrem, tepa salira lan padha ajen ingajenan.
Kabeh
ajaran mau kang akeh sinawung ing tembang macapat kang diwujudake dadi
pirang-pirang karya sastra tulis. Upamane serat sana-sunu, wulangreh, centhini,
cabolek, candrarini, suluk wijil, darma gandhul, panitisastra, sastra cetha,
lan sapanunggalane.
Salah
sawijining naskah jawa kang wus kawentar yaiku serat centhini, serat centhini
uga diarani suluk tambang raras. Sing ngarang yaiku R.Ng. Ranggasutrasna, R.Ng.Yasadipura
II, R.Ng. Sastradipura nalika tahun 1814M. Ing serat centhini mau ngandharake
kabudayan jawa kang maneka warna, mula uga diarani ensiklopedi kebudayaan jawa, amarga isine kang komplit mau. Antara liya
ngemot babagan kesenian, agama, pitutur, katuranggan, pertanian, kagunan,
bebrayan, salaki-rabi, lan sapanunggalane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar