Tampilkan postingan dengan label cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label cerkak. Tampilkan semua postingan

Minggu, 12 Januari 2014

Kanca, apa Bojo?


K
enalke, aku Tania. Aku duwe sahabat 3. Jenenge Bagas, Ratna, lan Bayu. Aku kancanan karo bocah 3 kuwi saka aku mlebu SMA nganti saiki aku kuliah semester 6. Bagas kuwi wonge cool, pinter, wis pokoke sempurna. Lanjute Ratna. Ratna bocahe meneng, ayu kaya aku haha.. Lah iki sing terakhir, Bayu. Bayu kuwi wonge selain pinter, ngganteng, uga wonge rendah hati lan seneng mbantu sesama. Bayu asring nggelar acara amal kanggo yatim piatu, anak jalanan, lan liya-liyane. Iki sing nggawe Bayu istimewa. Ora salah yen Bayu kuwi disenengi wong akeh, dheweke emang wong “duwe” nanging Bayu ora tau ngetokake kuwi.
Sawijining dina aku ketemu Bayu lan ngobrol bareng ana gazebo kampus, “Bay, apa kowe arep nganakake acara amal meneh?”
“Ya mesthi, nanging aku durung ngerti kapan, ijek takrencanaake, Tan.”
“Ooh, ngana ta. Misale wis pasti wektune, aku diwenehi ngerti ya, Bay.”
“Lho? Ana apa ta, Tan. Kok kowe tiba-tiba ngomong ngana kuwi?”
“Iya, rencanane kaluwargaku arep nyumbang ning acara amal kuwi, Bay.”
“Oke sip, Tan. Mengko takwenehi ngerti yen aku wis nemu wektu sing pas.”
“Ok Bay. Yawis, taktinggal sek yaa.”
“Iya Tan, ngati-ati yaaa.”
“Iya Bayuuuu.”
Sawise kuwi, ubunganku karo Bayu saya raket, malah ana sing ngira aku pacaRat karo dheweke. Apa meneh aku uga melu-melu aktif ning kegiatan amale Bayu. Jan-jane ubunganku ya wis cedhak banget karo dheweke. Lah bayangna wae kancanan saka mlebu SMA tekan saiki, sapa sing ora kenal lan kesengsem karo Bayu. Akeh tenan kanca-kanca sing seneng karo dheweke, nanging ya kuwi, Bayu jare arep fokus karo kuliahe lan luwih milih dadi kanca wae.
Let rong dina, Bayu ngabari aku yen dheweke wis nemu wektu sing pas kanggo nganakake acara amal kuwi. Aku ya wis nyiapake apa-apa wae sing arep daksumbangke. Ora lali aku ngabari Bagas lan Ratna supaya melu ning acara kuwi.
Dina sing dienten-enten akhire teka. Dina kuwi krasa mligi banget merga jebul Bayu nganakake acara amal ning panti asuhan kanggo bocah sing duwe kebutuan kusus kasare bocah autis. Ana kana, Ratna karo Bagus malah nembang karo bocah-bocah kuwi. Katon seneng banget bocah-bocah ana kana, malah ana salah siji bocah sing joget-joget marai swasana dadi tambah rame. Bayu katon sumringah ndelok acaRate rame, utamane ndelok bocah-bocah kuwi. Ana rasa seneng, ana uga rasa ngenes. Senenge merga bisa gawe bocah-bocah ana kana   ngguyu kaya bocah normal liyane, ngenese merga bocah-bocah ning kana kaya terasingkan saka dunia jaba. Nanging iku sing gawe bocah-bocah kuwi luwih dimligekake
“Lho? Tan, kok katon sedhih ta?”
“Ora sedhih kok, Bay. Nanging aku ngarasa bangga neng bocah-bocah kuwi. Mligi banget bocah-bocah kuwi, Bay. Kaya ora ana beban, ora ana sing beda saka dheweke.”
“Iya pancen, Tan. Aku sengaja ngajak kowe, Bagas, lan Ratna mrene supaya kita luwih bersyukur diwenehi urip sing sempurna, ora duwe kebutuan kusus kaya bocah-bocah iki.”
“Iya, Bay. Aku sarujuk karo kowe,” jawab Bagas.
“Saka acara amal sing sadurunge, iki sing paling berkesan ya, Bay, Gas, Tan,” imbuh Ratna.
“Iya bener kuwi omongane Ratna,” jawab Bayu.
“Wis-wis kok malah melow kayak ngene ta. Wis, ayo dhewe seneng-seneng wae karo adhik-adhik neng kene, mung iki singbisa dhewe wenehi maRatg adhik-adhik lan gawe adhik-adhik seneng,” Bagas nyelani omongne Ratna lan Bayu.
“Iya, ayok cah. Lanjutke meneh acarane, sedhela meneh dhewe kudu bali ben adhik-adhik bisa istirahat,” jare Bayu.
“Iya, ayok,” jawab aku lan Tania.
Sarampunge acara amal kuwi, kaya biasane aku balik bareng kanca-kancaku nganggo mobile Bayu lan diterke tekan umahe dhewe-dhewe.
*Esuk-esuk hapeku wis moni, jebul Ratna sing nelpon.
“Halo... Ana apa Rat, ko tumben telpon aku jam semene iki?”
“Haha.. Iya, Tan. Aku mung pengin ngobrol wae karo kowe.”
“Lah, ngapa ta ora ning kampus wae?”
“Halahh ning kampus ana Bayu karo Bagas, ora penak ta ya.”
“Ah kowe iki, kayak karo sapa lho nganggo isin-isin barang,” guyonku.
“Hehe.. Iya, Tan. Aku arep cerita, entuk ora?”
“Ya ora ta yaa..”
“???”
“Hahaha.. ya entuk, Rat. Apa ta sing ora kanggo kancaku iki?” aku malah nggodha Ratna.
“Hehe.. Kowe iki guyon wae senenge, Tann..”
“Arep cerita apa ta, Rat?”
“Nanging aja crita sapa-sapa ya, Tan?”
“Siap, Bos!”
“Ih kowe iki ya. Tan, jaremu Bayu ki wonge piye ta?”
“Lho kok takon ning aku, Rat? Kan dhewe iki wis kancanan suwe, masa kowe durung ngerti Bayu kaya apa?”
“Iya, aku ngerti Bayu iki kaya apa, nanging maksudku ora ngono kuwi.”
“Lha terus apa ta, Rat?”
“......”
“Raaattttt”
“Aku seneng karo Bayu, Tan.”
“Hah? Guyonanmu ora lucu lho.”
“Aku tenanan iki, Tan.”
“Lho kok bisa ta, Rat? Kapan lehmu seneng karo Bayu?”
“Iya, Tan. Aku ora ngerti kapan aku seneng karo dheweke, aku seneng cedhak karo dheweke, kaya duwe semangat luwih kala aku cedhak dheweke. Apa meneh pas acara amal sing wingi kae, aku tambah seneng karo dheweke.”
“Ya nanging dhewe iki wis kancanan suwe, Rat. Masa arep dirusak merga kowe seneng karo Bayu?”
“Lah iya makane kuwi, Tan. Iku sebabe aku nelpon kowe yahmene. Aku uga isih bingung apa iki rasa tresna apa mung seneng wae.”
“Piye sih kowe iki, Rat? Apa sing ana ning pikiranmu, Rat?”
“Aja ngana ta, Rat. Aku uga ora pengen duwe rasa kayak ngene karo Bayu sing wis kayak sedulurku dhewe.”
“.....”
“Tan? Tania? Halooo?
“Ngene wis, saiki kowe mending jujur karo Bayu ngenani perasaanmu kuwi.”
“Apa Bayu ora nesu karo aku?”
“Ya perkara kuwi aku ora bisa jawab Rat, sing penting kowe wis ngomong karo Bayu.”
“Yawis Tan, mengko tak pikir-pikir sek. Wis ya, Tan. Ketemu mengko ning kampus. Assalamualaikum.”
“Iya, Rat. Waalaikumsalam.”
Sanalika kuwi, aku ora nyangka yen kancaku sing wis suwe kancanan jebule seneng karo kancane dhewe. Aku wedi yen perkara iki bakal nggawe kancananku sasuwene iki bakal dadi adoh. Ora pengen mikiri kuwi, aku mending mikiri skripsiku sing wis lumaku.
Ana ning kampus, kaya biasane, Bagas, Bayu, lan Ratna wis lungguhan ning tempat biasane ngumpul, tepate ana ning cafe kampusku. Katon banget yen atine Ratna lagi ora tenang, katon bingung cedhak karo Bayu, ora kaya biasane.
“Hei kanca-kancaku sing daktresnani,” sapaku karo nglambayke tanganku lan ora ngatonke yen ana masalah.
“Haha.. Apa ta, Tan, Tan esuk-esuk wis nggombali,” godha Bagas.
“Ya daripada kok meneng-menengan wae, Gas.”
“Halah mbuh iki, lagi pada meneng ora ngerti kena apa. Apa meneh Ratna. Kesambet kayake. Haha..”
“Hus.. Sapenake dhewe yen omong!” jawabku.
“Ehhh, cah. Aku arep ngomong jujur karo kowe kabeh,” Ratna nyelani omonganku karo Bagas.
“Ana apa ta, Rat?”
“Iki Gas, ana sing pengen aku omongke karo kowe kabeh.”
“Yawis ta, ndang ngomonga, Rat. Ijin segala, kaya karo sapa wae,” jawab Bayu.
“Nanging aja padha nesu karo aku ya.”
“Iya iya, Rat. Kalem wae,” Bagas ngimbuhi.
“Iki lhoo.....”
“Apa Rat?” Bayu takon kanthi rasa penasaran.
“Aku seneng karo cah lanang,” jujurku kanthi rasa isin lan abang raiku.
“Karo sapa Rat?” kabeh kancaku takon bareng.
“Karo kowe Bay, aku pengen dadi wong sing spesial kanggo kowe,” Ratna nyambi ndelok raine Bayu.
            Sanalika kuwi, swasana ning kana dadi meneng tanpa swara. Bayu katon kaget krungu omongane Ratna, kaya ora percaya yen kancane kuwi seneng karo dheweke.
“Apa ta, Rat, sing gawe kowe seneng karo aku?”
“Ora ana alesane Bay, aku ngrasa nyaman kala aku cedhak kowe.”
“Lah apa kabeh ya ngrasakake nyaman kala cedhak siji karo liane?”
“Iya, nanging rasane bedha Bay. Aku ora nduwe rasa sing padha kala aku cedhak Bagas.”
            Krungu omange Ratna sing kaya kuwi mau, Bayu langsung lunga lan ora ngomong apa-apa meneh.
            Saka kadadeyan kuwi, aku lan kanca-kancaku ora tau ngumpul lan ketemu meneh nganti saiki semester 7 iki, wis padha sibuk ngurusi skripsine dhewe-dhewe.
            Sawijining wektu, aku wis ora kuwat ndelok kanca-kancaku dadi meneng-menengan kaya ngene iki. Aku njaluk ketemuan karo Bagas, Bayu lan Ratna ana ing tempat biasa ngumpul.
“Ana apa ta, Tan,  ngejak ngumpul ana kene? Aku sibuk ora ana wektu luwih kanggo hal sing ora guna” omongane Bayu sinis.
“Menenga sek Bay. Ana apa ta, kok kowe dadi sensitif kaya ngene iki? Apa sing salah karo pocapane Ratna sing seneng karo kowe?”
            Bayu mung meneng ngrungokake omonganku kuwi.
“Wis, wis, wis. Kok malah padu ta Tan, Bay?” Bagas nyelani.
“Saiki ngene, kowe seneng karo Ratna apa ora Bay?”
“Aku iki nganggep Ratna wis kaya sedulurku, Gas. Aku mung pengen dhewe dadi kanca wae. Ora luwih saka kuwi,” omonge Bayu.
“Iya, Iya, aku ngerti. Lah kowe Rat, kowe bisa ora nrima keputusane Bayu sing kaya kuwi mau?”
“Iya, aku ora apa-apa Gas. Ya emang dhewe iki wis kaya sedulur kancanan saka SMA tekan saiki.”
“Ora salah yen kowe seneng karo Bayu, Rat. Wong Bayu kuwi wonge apik lan akeh sing nyenengi dheweke. Nanging, apike kowe luwih njaga kancanane dhewe dibandingke rasa tresnamu kuwi. Dadine ngene iki ta, kancanane dhewe dadi adoh kaya saiki.”
“Iya, Gas. Aku sadar yen aku iki kleru wis nyenengi Bayu. Aku nembe sadar yen kanca kuwi luwih penting. Ora ana kanca, ora penak uripku, apa meneh wis biasa karo kowe-kowe iki. Aku uga njaluk maaf ya, Bay. Aku wis wani nyenengi kowe  sing wis dadi kancaku awit SMA.”
“Yawis, saiki ora ana masalah meneh ta?”
“Wis beress, Gas,” jawab Tania lan Bayu.
“Ehh, Gas. Ana masalah gedhe iki.”
“Hah? Apa ta, Tan?”
“Aku ngelih banget iki, Gas. Hahaha..”
“Owalaaahhh Taniaaa.” Kabeh kancaku nyuraki aku kanthi rasa seneng,
“Ayo, saiki mangan wae sing akeh, mengko Bayu sing mbayari.” Guyon Bagas.
“Oke Gas, ayo pesen sing akeh.” Hahaha
            Saka kadadeyan kuwi, ubungan kancananku karo Bagas, Bayu, lan Ratna saya raket nganthi aku wisuda bareng kanca-kancaku kuwi.

(cuthel)

Jumat, 10 Januari 2014

peteng



Indra lagi asyik ngelapi sepedah montore. Kabeh diresiki ora ana kang kliwatan. Sela-selaning ruji uga ora keri. Tangan kiwane nyemproti nganggo cairan pengkilap logam. Tangan tengene banjur ibut nggosoki nganggo suwekan kaos tilas sragam bal-balane, bola-bali digosok. Indra mesam-mesem. Dheweke ngilo ing slebor montore kang kincling meling-meling. Wayangane pancen katon cetha nanging wujude ya pating plethot urut karo wujude slebor montor. Sirahe Indra dadi dawa. Lucu.

“Wis jam setengah pitu Ndra, ndang mangkat mengko telat!” Simboke Indra ngelingake karo madhahi tela pohung ana ing bagor. Sedyane arep digawa menyang pasar.

“Hemm… iki ya wis arep mangkat, njaluk sangune Mbok!” Indra wangsulan karo ngadeg nguncalake gombal suwekan ana pojokan.

“Kae anane mung limang ewu, aku lagi arep adol tela iki ana pasar, muga-muga wae wae mengko laangsung didhuwiti.” Wangsulane Mboke Indra karo ubat-ubet naleni bagor isi tela pohung.

“Ming mang ewu, entek nggo tuku bensin Mbok…..” Indra mecucu.

Ora let suwe Indra wis nyangklong tas ireng lecek. Ing pinggir ana gambar tengkorake. Motor banjur distater, ora suwe Indra banjur nggeblas. Ibune gedhek-gedhek karo unjal ambegan.

Thet…thet….thet …. Swara bel sekolah tandha mlebu wis muni. Swarane seru ngeget-ngegeti. Ngalahake swarane bocah kang padha pating brengok ing latar sekolah. Bareng krungu swara bel banjur pada baris urut ing ngarep kelase dhewe-dhewe. Jenenge bocah, wis baris ya isih kober gojegan, geret-geretan. Siswa lanang-lanang ana saperangan kang pancen rada nyebahi. Bocah-bocah mau lagi gelem anteng nalika weruh bapak ibu guru wis metu saka ruang guru tumuju ing kelas.

”Sugeng engjing para siswa” BuWeni guru telas telu paring salam.

Sugeng enjing Bu…! Para Siswa wangsulan.

”Sapa sing ora mlebu dina iki?” Bu Weni mbacutke pitakon.

”Indra …. Bu, pun gangsal dinten!” Jatmika ketua kelas atur wangsulan.

”Apa ana sing ngerti neng ngendi Indra kok wis limang dina ora mlebu.” Pitakone Bu Weni meneh.

”Esti niku sing ngertos Bu!” Bagiyo celathu.

”Boten ding Bu, kula boten ngertos.” Esti bocah wadon lemu ginuk-ginuk gage nrambul matur gurune. Kanca-kancane ger-geran.

”Wis-wis aja mbeda kanca ta ora becik. Ya wis mengko dak rembugan karo guru BP.” Bu Weni ngendika. Wulangan banjur diwiwiti. Bocah-bocah banjur padha meneng ngatekake piwulange Bu Weni, guru ayu tur pinter idholane bocah-bocah.

Dina candake, langit mendhung. Dalan dalan isih teles. Ing papan-papan legokan banyu katon isih ngembong. Udan bengi mau sajake rada deres. Banyu-banyu udan kang ana ing godhong isih padha netes. Kaya luh kang netes saka mripate mboke Indra kang bola-bali diusapi ngaggo kacu kumal.

”Estu Bu kula boten mangertos, menawi anak kula ngaten menika, lha wong menawi enjing nggih pamitipun nggih sekolah, nggih sragam Bu, malah inggih nyuwun sangu barang Bu.! Mbok Indra crita ndrindhil.

”Inggih Bu kula mangertos, nanging yektosipun makaten Indra sampun gangsal dinten boten mlebet tanpa katrangan. Kamangka, kalih minggu malih sampun UNAS, la miturut data Indra dereng nate lulus saben wonten latihan ujian. Menika rak mrihatosaken, mila Ibu kula aturi rawuh mriki supados mangertosi dhodhok selehipun kadadosan menika.” Bu weni njlentrehake kahanan. Swasana ing njaba saya peteng merga mendhunge saya kandel malah banjur grimis. Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya akeh kaya luhe Mboke Indra kang ora bisa kabendung mrebes mili dleweran neng pipine.

Wengi saya peteng. Kahanan sepi nyenyet. Walang-walang kang biasane muni pada meneng. Kaya –kaya melu rumangsa wegah arep pada gojegan. Wong ing Desa kemiri ya desane Indra padha milih kemul sarung sinambi nonton televise. Gardu sing biasane ger-geran uga sepi nyenyet, kaya kuburan.

Hawa adhem njekut. Nanging, ora mangkono swasana ing omahe Indra. Hawane krasa panas.

”Lha kowe ki kok ngapusi barang ta Ndra karepmu ki kepriye? Pamitmu jare sekolah ning nyatane kowe ora tekan sekolahan. Simbok isin to le dipanggil neng sekolahan. Simbok isin Hara saiki dak takon ora sekolah ki kowe lunga nyang ngendi?” Mbok Indra ngedrel takon.

”Dolan” Indra wangsulan cekak aos karo ethok-ethok bikut ndandani montore. Slebor ngarep benthet entuk pojokan gardu wingi awan.

”Dolan…dolan neng ngendi?” Mboke Indra takon maneh.

”Dolan ya dolan.” Indra wangsulan karo mecucu.

”Ndra ngendikane Bu Guru ujian kari rong minggu yen kowe nganti ora sinau tenanan ya ora bisa lulus.” Mboke Indra ngelingake

”Walah Mbok, sinau ya ra lulus,ora sinau ya ro lulus, padha wae. Aku metu wae Mbok saka sekolah!” Indra ngadeg ngukuti kunci-kunci. Kabeh diuncalake ing kotak. Swarane pating krompyang.

”Metu….metu piye ta Ndra mung kurang rong mingggu Ndra.” Mboke Indra nyuwara rada seru.

”Metu ya, metu mbok aku wegah sekolah meneh. Aku ora bisa lulus. Kanca-kanca wis kandha, Guru-guru ya ngono.” Indra wangsulan seru karo mlaku metu nlesep petenging wengi.

Mboke Indra njegreg. Napase ngangsur-angsur. Dumadakan panyawange kumepyur banjur pet. Kabeh peteng.

Dening S. Yadi.

Kamis, 28 November 2013

cerkak

SHANTI

Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane adhem banget. Ana salah sawijining keluarga kang uripe kepenak. Keluarga kuwi mau cacahe ana 3 uwong. Bapak, ibu, lan anak wadon. Kaya biasane saben esuk isih peteng wong tuane Shanti kuwi mau wis mangkat kerja. Bapakke kerja ana ing salah sawijining perusahaan terkenal ing jakarta, ibune uga dadi sekretaris ing perusahaan. Shanti kuliyah ana ing universitas negeri jakarta. Amboko Shanti asale saka kaluwarga kang terpandhang ananging dhewekke ora sombong. Ana ing kampus Shanti terkenal yen dhewekke mahasiswi sing pinter, apik atine lan ramah marang sapa wae, kanc-kancane padha seneng kekancan karo Shanti. Menawa ana tugas kang angel lan kanca-kancane ana sing ora mudheng dhewekke kanthi ati seneng gelem biantu kanca-kancane mau nganti kancane paham. Ananging wiwit cilik Shanti duwe penyakit yaiku lemah jantung, upama dhewekke kaget dhewekke langsung ora sadar(semaput).
Amboko keluargane sugih lan uripe kepenak, Shanti ora tau ngrasakake seneng. Saben dina dhewekke mangkat kuliyah diterne dening supir pribadine, amarga esuk umun-umun wong tuane wis mangkat kerja menyang perusahaane dhewe-dhewe lan mulihe uga wengi banget. Mula saka kuwi Shanti kurang entuk perhatian lan tandha tresna saka wong tuane. Saliyane kuwi wong tuane Shanti uga kerep padu babagan sing sepele. Shanti ora kuwat ngadhepi keluargane, ananging dhewekke mung isa meneng ora wani melu-melu urusane wong tuane.
Ana kampus Shanti duwe kanca cedhak, jenenge Dewi. Dewi kuwi anak saka keluarga kang sederhana. Shanti gumun karo kahanan uripe Dewi. Amboko sederhana ananging Dewi oleh tandha tresna lan perhatian saka keluargane. Upama Dewi lagi lara wong tuane Dewi bingung golekne obat lan ngrawat Dewi kanthi kebak perhatiane . kahanan kuWi mau beda karo sing dirasakake dening Shanti. Saben dina wong tuane sibuk karo urusan bisnis. Menawa Shanti lagi lara sing ngrawat dudu wong tuane ananging pembantune sing ngrawat nganti Shanti mari.
“aku iri banget karo kowe Wi, wong tuwamu perhatian banget karo kowe, dene wong tuwaku sibuk terus karo urusan bisnise dadine aku kurang perhatian saka wong tuwaku, apa maneh wong tuwaku kerep banget padu masalah sepele.” Kandhane Shanti menyang Dewi ana ing ngarep kelase. “sabar Shan, wong tuamu mesthi sibuk karo bisnise dadi kurang perhatian karo kowe, menawa bisnise wis rada kepenak wong tuwamu mesthi bakal wiwit perhatian marang kowe.” Jawabe Dewi. “muga wae kabeh bisa kaya apa sing mbok omongne Wi, matur nuwun ya kowe wis nglipur aku.”ujare Shanti. “padha-padha Shan, awakke lak yo wis kancanan suwe dadi ya wis sawajare aku nglipur kowe yen kowe lagi sedih, suwalike uga yen aku sedih kowe ya sing nglipur aku.” Jawabe Dewi mesem.
Wengine Shanti lagi nggarap tugas sing diwenehi dening dosene ana ing jero kamar. Wektu kuwi wong tuane teka saka perusahaan. Durung nganti salin klambi, wong tuane Shanti padu. Shanti mung meneng ngrungokake padune wong tuane, ananging padune wong tuane Shanti iki luwih parah tinimbang padune sing biyasane, lan wong tuane ngasi mutuske menawa arep cerai. Shanti kaget lan dhewekke age-age metu saka kamare lan nyedhaki wongtuwane karo nangis lan ngomong “ bapak, ibu, kinging menapa bapak kaliyan ibu tegel ngendika menawi badhe cerai? Menapa bapak kaliyan ibu boten nggalihaken kula? Menawi bapak kaliyan ibu cerai kula badhe kesah dhateng pundi?” ujare Shanti karo nangis lan gawe wong tuane meneng sedhela.”saben dinten bapak kaliyan ibu sibuk nyambut damel, lan kerep duka-duka lan kirang midhangetaken kula, menawi panjenengan sedaya mangertos kula menika butuh tandha tresna kaliyan perhatian saking tiyang sepuh. Kula iri kaliyan Dewi ingkang saben dinten dipun paringi tandha tresna lan perhatian kaliyan tiyang sepuhipun. Punapa bapak kaliyan ibu boten saget kados tiyang sepuhipun Dewi ingkang saben dinten maringi perhatian lan tandha tresna dhateng Dewi? Bapak kaliyan ibu saben dinten namung duka-duka kemawon, babagan menika kula saget maklum amargi mkula kinten ributipun bapak kalih ibu menika namung biasa. Ananging dinten menika ngantos-ngantos bapak kaliyan ibu badhe cerai, punapa bapak kaloiyan ibu boten nggalih kula? Punapa?”pitakone Shanti karo nangis ngguguk.
Wong tuane Shanti ora bisa ngomong apa-apa. Shanti kelangan tenagane banjur alon-alon awakke lemes lan Shanti tiba semaput wis ora sadar. Wong tuane bingung banjur Shanti di gawa menyang rumah sakit.
Tekan rumah sakit, Shanti mlebu ana ing IGD. Dokter menehi ngerti marang wong tuane Shanti supaya siap nrima apa wae babagan kondisine Shanti amarga kondisine Shanti kritis, awakke pucet banget.. wong tuane banjur netesake eluh lan nunggu kanthi pikiran kang bingung. Wong tuane nyesel lan ngrasa salah amarga sasuwene iki kurang nggatekake Shanti. Wong tuane donga supaya Shanti didohke saka bebaya.
Bareng wis sejam olehe ana ing jero ruang IGD, dokter metu saka ruangan lan menehi ngerti menawa kahanane Shanti wis apik lan saiki Shanti ana ing ruang istirahat. Wong tuane Shanti ngucapake matur nuwun sinambi netesake eluh. Banjur wong tuane Shanti age-age lunga ngindhangi kahanane Shanti. Shanti turu lemes nang tangane ana selang infuse. Wong tuane lungguh ana ing sisihe Shanti.
“pak, awakke dhewe salah marang Shanti, sasuwene iki awakke dhewe mung sibuk karo urusane awakke dhewe, lan kurang nggatekake, Shanti bisa ana ing rumah sakit iki merga awakke dhewe.” Omonge ibune Shanti karo nangis. “iya bu, wiwit saiki awakke dhewe kudu luwih bisa nyenengake Shanti, awakke dhewe wis salah, bu.” Jawabe bapak. Ana ing tengah-tengah rembugane kuwi mau, Shanti tangi. “Pak, bu, kinging menapa kok kula wonten mriki?”pitakone Shanti. “aja obah nak, kowe isih lemes, kowe mau semaput(ora sadar). Sayang bapak karo ibu jaluk ngapura, wiwit dina iki bapak karo ibu janji bakal luwih nggatekake kowe.”jawabe si bapak. Ibuke uga manthuk. Shanti mesem lan netesake luh. “Shanti sampun ngapurani panjenengan pak, bu. Matur nuwun bapak kaliyan ibu sampun mangertosi Shanti.” Sumaure Shanti.

Pirang-pirang dina sawise kedadean kuwi, wong tuane Shanti bener-bener wis berubah. Wong tuane wis ora tau padu maneh lan jam kerjane wis dikurangi. Wong tuane wis wiwit nggatekake lan menehi tandha tresna marang Shanti. Saben esuk ibune nyiapake sarapan lan sarapan bareng-bareng sakeluarga. Sawise sarapan, wong tuane ngeterake Shanti kuliyah menawa Shanti ana jadwal kuliyah esuk. Sawise ngeterake banjur wong tuane lagi mangkat kerja. Keluargane Shanti wis berubah. Dewi melu seneng nyawang Shanti seneng. Shanti bungah banget atine nyawang wong tuane bisa berubah. Kahanan sing kaya megkene sing dikarepake dening saben-saben anak. Amarga saben anak kuwi butuh thanda tresna saka wong tua.