blog ini berisi tentang materi-materi bahasa jawa mulai dari kelas 1SD hingga kelas IX SMP, selain itu blog ini juga terdapat materi kasusastran jawa
Tampilkan postingan dengan label geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label geguritan. Tampilkan semua postingan
Kamis, 12 Desember 2013
Aku Kowe Lan Pengeling-Eling
Embuh kena apa... ati iki gemeter...
Yen ketemu sliramu
Aku nyoba nyimpen kabeh pangrasan kang ana ing atiku
Nanging... gawe remuk e atiku
Ana ngendi aku kudu nyimpen kengen ku iki
Ana ngendi aku kudu gawa kangen sing tak simpen..
Aku sadar
Kangen iki ora bisa di obati
Aku sadar kangen iki ora bakal ilang
Mesthine aku bisa lali
Menawa sliramu wis duwekke wong liya
Lan wis ora ana aku
Ana ing jero atimu
Kudune aku bisa nampa
Yen sliramu wis duwekke wong liya
Nanging kepiye a aku angel nglalekake sliramu
Sliramu ana ing atiku
Tak simpen kabeh pepiling sing biyen
Lan aku ora bakal lali
Tak pendem kangen iki
Yen gemeter namati rupamu
Alon nanging pas
Aku tetep ora bisa ngilangne sliramu
Ana ing pepilingku
Ben kabeh tak jaga lan tak simpen dhewe
Kamis, 28 November 2013
geguritan
1. Kangenku
Tak tunggu tekamu
Saben malem minggu ing omahku
Kabar kang dak tunggu
Saka awakmu
Nambahi tresnaku marang sliramu
Susah senenge
Bareng-bareng kita rasakake
Kangenku marang sliramu
Wis ora bisa dak simpen
Aku kudu ketemu marang sliramu
Duh wong bagus
Langganan:
Postingan (Atom)