Minggu, 12 Januari 2014

Bambang Kartanadi


Jenenge Bambang Kartanadi, putrane Begawan Jumanten, salah siji Pandhita ing pretapan Ancalagadhing. Nadyan bocah gunung, nanging pinardi ing kawruh kebatinan, kasekten lan ulah kridhaning prang. Mulane yen ana bot repoting wong tuwa bisa asung pitulungan. Ing Negara Ngalengka, Prabu Dasamuka nuju siniwaka, mung diadhep abdi kinasih kang aran Yaksamuka. Prabu Dasamuka  arsa nglamar Dewi Citranglangeni, atmajane narendra ing Tunjungpura, Prabu Citrawirya. Sang putri saguh dadi garwane Prabu Dasamuka, yen bisa ngleksanani (mujudake) mustakane Pandhita sewu. Mulane banjur utusan karo abdi kinasih Ditya Yaksamuka, supaya ngupaya mustaka Pandhita sewu. Yaksamuka sigra manjung jroning alas, nedya nekani para Pandhita ing wewengkon alas Dhandhaka, kang bakal diujug pretapane Begawan jumanten ing Ancalagadhing.
Kacarita Raden Arjunawijaya putrane Prabu Kartawirya, ing sarehne wis diwasa didhawuhi palakrama dening ingkang Rama ora kersa. Mulane banjur ditundhung. Arjunawijaya oncad saka praja  , ngumbara. Wusana banjur mertapa ana ing guwa Ringin Putih. Amarga saka genturing kasutapaning Arjunawijaya, manawa ana makhluk kang liwat sadhuwure guwa Ringin Putih, mesthi tiba lan kapidhara. Yaksamuda kang dioyak dening Bambang Kartanadi, bareng abure tekan ing sadhuwure guwa Ringin Putih, dumadakan mak gabrug. Yaksamuka tiba kapidhara ana sangareping lawang guwa. Gumebruging tibane Yaksamuka gawe kejoting panggalihe Rajaputra Arjunawijaya. Sawuse  eling purwa duksina, Yaksamuka banjur nyembah lan suwita ana ngarsane Arjunawijaya. Let sakedhep netra, mak jleb, Bambang Kartanadi tumurun saka gegana, ngadeg ana sangarsane Prabu Arjunawijaya. Kanthi patrap kang banget susila anoraga, Bambang Kartanadi nyuwun kersa Sang Arjunawijaya masrahake Yaksamuka marang dheweke. Amarga Arjunawijaya ora kersa maringake, jalari regejegan kang banjur dadi peperangan. Wusana Kartanadi kasoran, banjur suwita marang Arjuna. Amarga padhadene suwita marang Arjunawijaya, Bambang Kartanadi kepeksa urip rukun lan nyambut gawe bebarengan karo Yaksamuka, senajan ing batin banget pangigit-igite. Amarga midhanget saka ature Yaksamuka, Sang Arjunawijaya mangerti endahing warnane Dewi Citranglangeni. Awit saka iku, Sang Arjunawijaya banjur tindak menyang Praja Tunjungpura nedya nglamar Dewi, didherekake Yaksamuka karo Bambang Kartanadi. Ana ing Negara Tunjungpura, tuwuh mane pangigit-igite Sang Bmbang Kartanadi marang Yaksamuka. Tanpa diwuningani Sang Arjunawijaya, Yaksamuka pinrawasa, diperung kupinge, banjur dikon mulih menyang Ngalengka. Kanthi kutah ludira, Yaksamuka mulih menyang Ngalengka, marak Prabu Dasamuka. Wusanane Dasamuka diprajaya dening Prabune dhewe, amarga diutus ora bisa oleh gawe.


Panglamare Sang Arjunawijaya marang Dewi Citranglangeni ditampa kanthi becik dening Sang Dewi sarta Prabu Citrawirya. Dhaupe ana ing kedhaton Tunjungpura, kinurmatan dening para tamu maewu-ewu, ingayu bagya dening para Ratu, binerkahan dening para Brahmana. Let sawatara dina sawise diwiwaha, Sang Arjunawiwaha kondur menyang Maespati boyong Dewi Citranglangeni, diderekake Bambang Kartanadi sarta wadya Tunjungpura sabregada. Saprapatane ing kedhton Maespati, Sang Arjunawijaya dijumenengake Ratu gumanti keprabone ingkang Rama, sing dijuluki Prabu Arjunawijaya, ya Prabu Arjunasasrabahu. Durung sepira lawase, sang Bathara Narada rawuh ing kedhaton Maespati. Ngadhawuh yen Dewi Citrawati (Ratu ing Magada) saiki wus diwasa. Amarga endahing warnane, akeh banget Ratu manca Praja kang padha ngayunake marang Dewi citrawati, nanging nora ana kang ditamp becik panglamare dening Sang Dewi. Para Ratu kang ditampik dening Dewi Citrawati wis padha nrima.    

Tidak ada komentar:

Posting Komentar