Nemokake Pitutur Luhur Saka Crita Wayang
Crita
wayang kang sumebar ing masyarakat iku babone mung crita Mahabarata lan
Ramayana, nanging saka crita kuwi menawa diudhali mbaka siji paraga lan paraga
liyane bakal ketemu lan ana gandheng cenenge, silsilah keluarga ing crita iku
runtut ora pedhot. Iku bedane crita wayang karo crita jaman saiki. Saiki wus
ora ana wong kang bisa crita wayang. Kuwi kabeh nduduhake jembare pamikirane
pangripta ing jaman biyen.
Bathara
Dharma
Miturut serat Mahabarata, Bathara
Dharma iku putrane Sanghyang Atri utawa wayahe Bathara Dharma, garwane ana
sepuluh, garwane kuwi kabehe putra putrine Sanghyang Daksa. Dene asmane yaiku,
Dewi Kitri; Dewi Laksmi; Dewi Areti; Dewi Mada; Dewi Pusthi; Dewi Srada; Dewi
Kriya; Dewi Budi; Dewi Lajja lan Dewi Matini.
Para putrane Bathara Dharma sing saka
sepuluh garwane iku ora tau kocap. Dene Yudhisthira kuwi salugune putrane
Bathara Dharma. Nalika Dewi Kunthi matak mantran aji Adityahredaya awit wus
antuk palilahe Prabu Pandhu, Sang Dewi mangesthi Bathara Dharma jalaran
kepengin kagungan putra bagus alus, sabar sarta luhur budi paramarta. Mula
bareng Bathara Dharma keteman aji Adityahredaya, banjur tedhak ing marcapada
sapatemon karo Dewi Kunthi, satemah Sang Dewi nuli prasaja sejatining sedya,
tinurutan dening Bathara Dharma kanthi rekaning werdaya, nora watara suwe Sang
Dewi nggarbini, banjur ambabar putra ingkang diparingi asma Yudhistira
Dwijakangka.
Raden Yamawidura putrane Sang Maharsi
Wiyasa kang mijil saka waita darah sudra, iku panjanmane Bathara Dharma. Sababe
Bathara Dharma manjanma ing marcapada dadi Widura amarga kena sot kang
ngendikakake dening para resi kang padha mrinani Begawan Animandawya. Ngene iki
ceritane. Nalika Begawan Animandawya nglakoni monabrata. Ing sawijing dina,
anamaling nggawa oleh-olehane nyolong mlebu ing padhepokane Begawan
Animandawya. Ora suwe wadya balane Sang Prabu kang nglacak mlayune maling mau
teka ing ngarsane Begawan Animandawya, nyuwun pirsa marang Sang Begawan,
menyang ngendi mlayune maling. Sang Begawan ora mengsuli amargi lagi nglakoni
tapa mbisu. Wadya balane Sang Prabu kang nglacak mlayune maling lajeng mlebu
ing padhepokan Begawan Animandawya , niti sang Begawan. Maling dikisep lan
dibanda lan maling mau ditibani ukum kisas (ukum mati).
Begawan Animandawya kena ing dakwa
bantu durjana, Sang Begawan dicekel diaturake marang Sang Prabu, diadili.
Putusaning pengadilan Begawan Animandawya ditubani ukuman sarana ditancebi
lembing silite (lembing=sebangsa tombak). Amarga saka gedhing tapa bratane,
sandyan dubure ditancebi lembing nganti jero, Sang Begawan ora bisa seda.
Kocapa para Resi mitrane Begawan Animandawya kang miyarsani warta yen Sang
Begawan nampa paukuman kang abot banget, enggal-enggal padha niliki lan
nakokake sababe, dene nganti nampa paukum kang kaya ngono. Sang Bagawan
jelasake sebabe, paukum kuwi ditampa jalaran ora preduli marang maling kang
mlebu marang padhepokane lan ora mangsuli pitakonane wadyabala Sang Begawan,
para Resi nili nemoni Sang Prabu, sarta kabeh ngendikane Begawan Animandaeya
diaturake marang Sang Prabu, wasana Sang Prabu utusan wadya ngluwari Sang
Begawan. Nanging lembing sing wis sawetara dina tumanceb ing dubure Sang
Begawan mau ora kena didudut, wusana banjur ditugel, dadi Sang Begawan durung
bisa luwar saka panandhang.
Para Resi banjur matek mantra
Papasanghara, wasana pucuking lembing kang isih ana ing jero salirane Sang Begawan Animandawya banjur bisa
metu liwat embun-embunane. Sawise Begawan Animandawya luwar saka panandhang,
para Resi banjur munggah maring KahyanganSuralaya sowan Bathara Dharma. Bathara
Dharma ngendika yen dheweke ora kasamaran dhateng tindakipun para titah ageng
alit ing marcapada nalika taksih alit, Sang Begawan Animandawya asring dolanan
kinjeng sarana dipunsunduk silitipun. Kula punika Dewaning Adil, wajib rumeksa
“Hukum Karma” supados tumindak ingkang samesthinipun. Begawan Animandawya
ngalami panandhang dipuncubles lembing silitipun, jalaran ngunduh wohing
pakarti saking pandamelipun nalika taksih alit. Dados Sang Prabu namung
minangka lantaran tumindaking ukuman, bab pepesthening panandhang kula ingkang
miturut “Hukum Karma”.
Para Resi matur yen miturut wewarah
suci, lare ali ingkang umuripun kirang saking sadasa taun, manawi tumindak
lepat dereng kenging dipunpratapi paukuman, sabab lare dereng diwasa punika
dereng saged bedakaken awon sae lan leres lepat. Dados paduka punika dhawuhi
paukuman dhateng titah ingkang pancen noten samesthinipun dipunpratapi ukuman
“Hukum Karma” punika boten namung kangge para titah nanging ugi tumrap para
Dewi. Paduka inggih kedah ngunduh wohing pandamel paduka. Amargi paduka atindak
lepat, dhawahi paukuman dhateng titah ingkang boten sakmesthinipun kedah
dipunpratapi paukuman, paduka badhe manjanma ing marcapada dados tiyang
pincang, lair saking guwa garbanipun wanita darah sudra.
Ya amarga saka sot kang diucapake dening para Resi iku
kang jalari Bathara Dharma manjanma ing madyapada dadi Widura, miyos saka
garwane Resi Wiyasa (wanita darah sudra).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar